Menjadi pembawa acara atau sering
disebut MC tentu tidak mudah bagi yang tidak terbiasa dan tidak pernah berlatih
untuk berbicara di depan orang banyak. Untuk itu dibutuhkan banyak latihan dan
belajar agar tidak merasa canggung/grogi apalagi takut saat ditunjuk untuk
menjadi seorang pembawa acara atau MC.
Di bawah ini adalah salah satu contoh
teks untuk panduan latihan menjadi MC atau pembawa acara Syawalan dengan
menggunakan Bahasa Jawa.
Assalamu'alaikum wr . wb.
Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil
'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya waddin,
washolatuwassalamu ‘ala
asyrofil ambiyai wal mursalin.
Sayidina wamaulana muhammadin wa ‘ala alihi washohbihi ajma'in, wala haula wala kuwata ila billahil ‘aliyil 'adhim. Ama ba'du.
Wonten ngarsanipun bapak Kepala Dukuh Harjodumilah ingkang dhahat
kinurmatan, wonten ngarsanipun almukarom Bapak
Kyai/Ustad Muhammad, wonten ngarsanipun poro pepundhen lan poro pinisepuh dusun
Hargodumilah ingkang dhahat kinurmatan, wonten ngarsanipun poro bapak, poro ibu, poro sedherek ingkang dhahat kinurmatan, lan ugi dhumateng kadhang wiranem poro mudho mudhi, adhik-adhik sedoyo
ingkang kulo tresnani.
Sak derengipun acoro Syawalan wontenting
titiwanci dalu meniko badhe kawiwitan, monggo, kito sesarengan tansah muji
syukur [alhamdulillahi rabbil ‘alamin] wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang
sampun maringi mapinten-pinten karohmatan, soho maringi mapinten-pinten
kanikmatan, taufik hidayah inayah dumateng kulo panjenengan sami, sahinggo
wontening titi wanci (ndalu) meniko, kulo panjenengan sami pikantuk ridhanipun
Allah SWT, saget kempal manunggal wontening papan palenggahan meniko kanthi
rahayu wilujeng mboten wonten alangan rubedo menopo-menopo.
Ingkang salajengipun sholawat soho
salam monggo sami kito aturaken dhumateng Nabi kito Nabi Muhammad SAW, soho sak
keluarganipun sak shohabatipun, sumrambahipun dhumateng kulo panjenengan sami,
mugi-mugi kanthi sholawat Allohumma sholli ala sayidina muhammad, wa ala ali
sayidina Muhammad, Insya Allah kulo panjenengan sami mbenjing wontening yaumil
qiyamah termasuk golonganipun, umatipun kanjeng nabi, insya Allah pikantuk
syafaatipun. Amiin amiin amiin allohumma amiin.
Sak derengipun adicoro wontening ndalu meniko dipun wiwiti, mbok bilih samangke anggen kawulo
nderekaken lumampahing Adicoro Halal bihalal wontening ndalu meniko wonten kathah
klenta klentunipun, kathah galap gangsulipun, lan mbok bilih kirang mranani
wontening penggalih panjenengan sami, sak estu, kawulo hanamung saged nyuwun
lumunturing sih samudro pangaksami.
Poro bapak poro ibu lan poro sedherek
ingkang Insya Allah dipun rahmati Allah SWT, keparengo kawulo wontening mriki
badhe maosaken reroncening
adicoro ingkang badhe lumampah wontening titiwanci ndalu meniko.
- Ingkang sepindah inggih meniko acoro
Pambuko.
- Ingkang ongko kalih inggih meniko kalam
wahyu ilahi.
- Ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan
saking ketua panitia halal bihalal
- Acoro kaping sekawan inggih meniko
sambutan saking bapak kepala dukuh.
- Acoro kaping gangsal inggih meniko
hiburan saking mudho mudi dusun Harjodumilah. Kalajengaken penampilan saking
bapak-bapak dusun Harjodumilah.
- Acoro kaping enem inggih meniko
istirahat.
- Acoro kaping pitu utawi acoro inti,
inggih meniko pengaosan saking almukarom bapak kyai/ustad Muhammad saking
pondok pesantren al barokah. Lan samangke badhe dipun lajengaken donga saking almukarom bapak kyai Muhammad.
- acoro sak lajengipun inggih meniko
panutup.
Mekaten menggah reroncening
adicoro ingkang badhe lumampah wontening titiwanci ndalu meniko.
Poro bapak poro ibu lan poro
sedherek sedoyo ingkang dhahat kinurmatan, gegandhengan wekdal sampun ndungkap
dalu, pramilo monggo acoro wontening ndalu meniko enggal-enggal kito wiwiti.
- Ingkang sepindah inggih meniko
acoro pambuko. Pramilo monggo dhumateng poro bapak poro ibu lan poro sedherek
sedoyo, acoro wontening ndalu meniko kito bikak sesarengan kanthi waosan umul
quran. Liridho illah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...
Kulo aturaken agunging
panuwun dumateng poro bapak poro ibu lan poro
sedherek sedoyo, ingkang sampun kerso mbikak acoro Halal bihalal
wontening ndalu meniko, mugi-mugi kanti
waosan Surotul Fatikhah, adicoro wontening ndalu meniko
saget lumampah kanthi lancar mboten wonten
alangan rubedo menopo menopo ngantos samangke paripurnaning adicoro. Amin.
- Kito lajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko kalam
wahyu ilahi, ingkang badhe dipun
slirani/salirani kaliyan adik kito Bambang. Pramilo dhumateng adik kito
Bambang, wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Monggo.
Kawulo aturaken
agunging panuwun dumateng adik kito Bambang ingkang sampun kerso maosan kalam wahyu ilahi,
mugi-mugi kanti waosan kalam wahyu ilahi meniko
saget ningkataken iman lan taqwa kito wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. Amin.
- Poro bapak
poro ibu lan poro sedherek sedoyo ingkang dhahat kinurmatan, dhawah acoro ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan saking ketua
panitia halal bihalal, pramilo dhumateng ketua panitia Halal bihalal inggih meniko bapak
Joko, wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Monggo.
Kawulo aturaken agunging panuwun
dumateng ketua panitia Halal bihalal inggih meniko bapak Joko ingkang sampun
caos sambutan wontening ndalu meniko.
Dan seterusnya dan selanjutnya…
- Poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo ingkang
dhahat kinurmatan, dhawah acoro ingkang kaping pitu
utawi acoro inti, inggih meniko pengaosan saking almukarom bapak kyai/ustad
Muhammad saking pondok pesantren al barokah. Lan samangke badhe dipun kalajengaken
donga panutup saking almukarom bapak kyai Muhammad.
Ananging
sakderengipun wekdal kawulo aturaken dhumateng almukarom bapak kyai Muhammad, mbok
bilih anggenipun kawulo nderekaken lumampahing
adicoro wontening ndalu meniko katah kalepatan soho kekhilafan, wonten klenta klentunipun anggen kawulo matur, kathah galap
gangsulipun atur kawulo, lan mbok
bilih kirang mranani wonten penggalih panjenengan sami, sak estu, kulo namung saged nyuwun agunging lumunturing sih samudro pangaksami.
Wabilahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
Dhumateng almukarom bapak kyai/ustad
Muhammad saking pondok pesantren al barokah, wekdal soho papan kawulo
sumanggaaken. Monggo.
*****
Saya menggunakan pengejaan sesuai dengan suara pengucapan saja, untuk memudahkan saat membacanya saja. Contoh :
Samudra saya tulis samudro, menika saya tulis meniko, para = poro, kawula=kawulo, sedaya=sedoyo, dan lainnya.
Semoga itu bisa dipahami dan dimengerti.