Assalamualaikum wr wb
Alhamdulillahi robbil ‘alamin, wabihii nasta’iinu ‘alaa
umuriddunya wadiin, wash-shola was-salamu ‘ala asrofil ambiyaai wal mursalin, sayidina
wa maulana muhamadin, wa ‘ala alihi wa ashohbihi ajmain, ama ba’du.
Wonten ngarsanipun shohibul hajjah, nuwun injih
panjenenganipun [bpk Joko soho ibu Joko] ingkang kulo hormati (kinurmatan),
wonten ngarsanipun sesepuh soho pinisepuh ingkang
satuhu kinurmatan,
wonten ngarsanipun poro bapak soho kangmas soho poro
sedherek sedoyo ingkang dipun rahmati Allah SWT,
Sak dherengipun monggo, kito sesarengan tansah muji
syukur [alhamdulillahi rabbil ‘alamin]
wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi mapinten-pinten
karohmatan, soho maringi mapinten-pinten kanikmatan, taufik hidayah inayah
dumateng kulo panjenengan sami, sahinggo wontening titi wanci (ndalu) puniko
kulo panjenengan sami pikantuk ridhanipun Allah SWT, saget kempal manunggal
wontening papan palenggahan puniko (mriki) kanthi rahayu wilujeng mboten wonten
alangan rubedo punopo-punopo,
Ingkang
salajengipun sholawat soho salam [kulo aturaken /monggo sami kito aturaken]
dhumateng Nabi kito Nabi Muhammad SAW, soho sak keluarganipun sak shohabatipun,
sumrambahipun dhumateng kulo panjenengan sami, mugi-mugi kanthi sholawat
Allohumma sholli ala sayidina muhammad, wa ala ali sayidina Muhammad,
Insya Allah kulo panjenengan sami mbenjing wontening
yaumil qiyamah termasuk golonganipun, umatipun kanjeng nabi, insya Allah
pikantuk syafaatipun, amiin amiin amiin allohumma amiin.
Sak derengipun kawiwitan saestu [bpk Joko] sak keluarga angambali ngaturaken
sugeng rawuh, inggih rawuh panjenengan sami, ugi ngaturaken sugeng ndalu, lan
ugi ngaturaken pangapunten, mbok bilih anggenipun nanggapi, anggenipun maringi
papan palenggahan, lan ugi anggenipun maringi shodaqoh meniko kirang mranani
dhumateng panjenengan sami, saestu [bpk Joko]
sak keluarga nyuwun pangapunten ingkang sak kathah-kathahipun, lan ugi
ngaturaken agungin panuwun dhumateng poro lenggah sedoyo, ingkang sampun kerso
rawuh mriki, nan injih [bpk Joko
soho ibu Joko] kagungan
hajat inggih meniko [tasyakuran], mijilipun
utawi lahiripun putro/putri ingkang kaping kalih, ingkang wontening
titiwanci meniko dipun paringi nami(asmo/tetenger) Injih meniko [Dewi Ambarwati].
Lan ugi wontening titiwanci meniko [bpk Joko] sak keluarga ngiklasaken
sedayanipun kagem shodaqoh, mugi-mugi shodaqoh meniko dipun tampi Allah SWT,
lan dipun ganjar Allah SWT, mugi-mugi
shodaqoh meniko inggih saget manfaati, mbarokahi dhumateng shohibul hajjah,
sumrambahipun dhumateng kulo pajenengan sami.
Kanthi shodaqoh meniko mugi-mugi [bpk Joko] sak keluarga, sedoyo
kalepatanipun dipun ngapunten Allah SWT, pikantuk rohmatipun Allah SWT,
mugi-mugi sedoyo keluargo dipun tebihaken saking musibah menopo kemawon, saking
bencana menopo kemawon, insya Allah sedoyo
keluargo dipun paringi slamet mboten wonten alangan rubedo punopo-punopo, sekeco
anggenipun ngibadah wonten ngarsanipun Allah SWT, sekeco anggenipun nyambut
damel.
Lan ugi kulo panjenengan sami kasuwuni dongo[pengestunipun
/restunipun], [samangke /kanthi] maos kalimat thoyibah, kanthi iklasing manah,
kanthi iklasing penggalih, mugi-mugi dongo kulo panjenengan sami dipun ridhani Allah SWT, mugi-mugi [adik/putro/putri ingkang nami Dewi Ambarwati] meniko dipun
paringi bagas waras, dipun paringi slamet mboten wonten alangan
rubedo punopo-punopo, dipun paringi panjang yuswo [umur], insya Allah samangke dadoso putri ingkang sholihah, migunani
dhumateng bongso negari lan agami, langkung-langkung bekti dhumateng Allah SWT,
taat dumateng tiyang sepuh kalihipun, insya Allah samangke dadoso putri ingkang
ahli ngibadah, putri ingkang mangertos/ paham syariah islam, sahinggo samangke tansah nindaaken
punopo ingkang dados dhawuhipun Allah, menjauhi/nebihi laranganipun Allah SWT, insya Allah samangke dadoso putri ingkang ahli
sekolah, putri ingkang ahli fisabilillah, putri ingkang ahli ngaji, putri
ingkang ahli akhlak ingkang sae, budi pekerti ingkang sae, insya Allah samangke
dadoso putri ingkang sae,
Lan mugi-mugi sedoyo keluargo [bpk Joko] sumrambahipun dhumateng keluargo
kulo panjenengan sami, mugi-mugi dipun paringi bagas waras, slamet ndonyo
slamet akherat, bejo ndonyo bejo akherat, mulyo ndonyo mulyo akherat, dipun
paringi ayom ayem tentrem, dipun paringi kanikmatan tetep iman islamipun, dipun
paringi murah pangan, murah sandhang, murah papan, dipun paringi rejeki ingkang
lumintu halal barokah melimpah ruah kagem ngibadah wonten ngarsanipun Allah SWT,
sedoyo keluargo [bpk Joko] sumrambahipun dhumateng keluargo kulo panjenengan
sami ngiklasaken manah inggih meniko paring donga
pangestu dhumateng [adik Dewi Ambarwati] meniko.
Mugi-mugi dipun tebihaken saking ino ndoyo ino
akherat, dipun tebihaken saking rekaos ndonyo rekaos akherat, dipun tebihaken
saking godho rencono, dipun tebihaken saking musibah menopo kemawon, dipun
tebihaken saking bencana menopo kemawon, dipun tebihaken saking penyakit
ingkang angel usadanipun, sedoyo dipun paringi panjang yuswo, dipun manfaataken
sak sae-saenipun, kagem ngibadah wonten ngarsanipun Allah SWT, kulo panjenengan
sedoyo dipun paringi nikmat ingkang kathah, monggo samiyo syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT, sami nindaaken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT, [nebihi/menjauhi]
sedoyo laranganipun Allah SWT. Amin
allohumma amin...
Ingkang salajengipun monggo sareng-sareng pasang niat
kanthi iklasing manah, ndedongo badhe kawiwitan, ingkang ngrasuk agami islam
kulo dhere’aken, ingkang ngrasuk sanesipun islam kulo sumangga’aken
kawicaksa’anipun, monggo...
Salajengipun donga.
Al fatihah...
....
....
Menawi sampun salajengipun di pun
tutup.
Monggo dipun tutup kanthi waosan hamdalah
sesarengan... alhamdulillahi rabil alamin.
NB:
Menawi badhe wonten jagongan, meniko
pengumumanipun.
Kepareng matur malih dhumateng poro lenggah sedoyo,
minangkani kersanipun shohibul hajat injih
meniko keluargo bpk Joko, sa’estu, mbok bilih samangke sampun ndungkap wekdalipun, sakbibaripun acoro kenduri meniko, mbok bilih kulo
panjenengan sami mboten wonten acoro sanesipun,
sakestu kulo panjenengan sami kasuwuni rawuh malih wontening papan meniko, inggih puniko kagem cegah
pawungon.
[Cekap semanten/Mekaten] atur kawulo, Sakderengipun
kulo tutup, mbok mbilih anggen kulo matur wonten ngarsanipun poro bapak/ibu,
poro sedherek sedanten, wonten klenta klentunipun, khatah galap gangsulipun,
lan mbok bilih kirang mranani wonten penggalih panjenengan sami, sak estu, kulo
nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.
Kulo tutup (Akhiru kalam) wassalamu alaikum wr wb.
Kamu bisa mengganti nama sesuai dengan kebutuhan. Dan saya di sini menulis beberapa dengan ejaan mengikuti suara saja, contoh :
"Monggo" tidak "Mangga", "sedoyo" bukan "sedaya", "kulo" tidak "kula", dan lainnya hanya untuk memudahkan saja. Kecuali "donga" tidak saya tulis "dongo" nanti kelihatan lucu...wkwk...
*****
Kamu bisa mengganti nama sesuai dengan kebutuhan. Dan saya di sini menulis beberapa dengan ejaan mengikuti suara saja, contoh :
"Monggo" tidak "Mangga", "sedoyo" bukan "sedaya", "kulo" tidak "kula", dan lainnya hanya untuk memudahkan saja. Kecuali "donga" tidak saya tulis "dongo" nanti kelihatan lucu...wkwk...
Videonya bisa di lihat di sini.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar