Selasa, 13 November 2018

Contoh Teks MC Untuk Acara Syawalan Dalam Bahasa Jawa


Menjadi pembawa acara atau sering disebut MC tentu tidak mudah bagi yang tidak terbiasa dan tidak pernah berlatih untuk berbicara di depan orang banyak. Untuk itu dibutuhkan banyak latihan dan belajar agar tidak merasa canggung/grogi apalagi takut saat ditunjuk untuk menjadi seorang pembawa acara atau MC.

Di bawah ini adalah salah satu contoh teks untuk panduan latihan menjadi MC atau pembawa acara Syawalan dengan menggunakan Bahasa Jawa.

Assalamu'alaikum wr . wb.
Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya waddin, washolatuwassalamu ala asyrofil ambiyai wal mursalin.
Sayidina wamaulana muhammadin waala alihi washohbihi ajma'in,  wala haula wala kuwata ila billahil aliyil 'adhim. Ama ba'du.

Wonten ngarsanipun bapak Kepala Dukuh Harjodumilah ingkang dhahat kinurmatan, wonten ngarsanipun almukarom Bapak Kyai/Ustad Muhammad, wonten ngarsanipun poro pepundhen lan poro pinisepuh dusun Hargodumilah ingkang dhahat kinurmatan, wonten ngarsanipun poro bapak, poro ibu, poro sedherek ingkang dhahat kinurmatan, lan ugi dhumateng kadhang wiranem poro mudho mudhi, adhik-adhik sedoyo ingkang kulo tresnani.

Sak derengipun acoro Syawalan wontenting titiwanci dalu meniko badhe kawiwitan, monggo, kito sesarengan tansah muji syukur [alhamdulillahi rabbil ‘alamin] wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi mapinten-pinten karohmatan, soho maringi mapinten-pinten kanikmatan, taufik hidayah inayah dumateng kulo panjenengan sami, sahinggo wontening titi wanci (ndalu) meniko, kulo panjenengan sami pikantuk ridhanipun Allah SWT, saget kempal manunggal wontening papan palenggahan meniko kanthi rahayu wilujeng mboten wonten alangan rubedo menopo-menopo.

Ingkang salajengipun sholawat soho salam monggo sami kito aturaken dhumateng Nabi kito Nabi Muhammad SAW, soho sak keluarganipun sak shohabatipun, sumrambahipun dhumateng kulo panjenengan sami, mugi-mugi kanthi sholawat Allohumma sholli ala sayidina muhammad, wa ala ali sayidina Muhammad, Insya Allah kulo panjenengan sami mbenjing wontening yaumil qiyamah termasuk golonganipun, umatipun kanjeng nabi, insya Allah pikantuk syafaatipun. Amiin amiin amiin allohumma amiin.

Sak derengipun adicoro wontening ndalu meniko dipun wiwiti, mbok bilih samangke anggen kawulo nderekaken lumampahing Adicoro Halal bihalal wontening ndalu meniko wonten kathah klenta klentunipun, kathah galap gangsulipun, lan mbok bilih kirang mranani wontening penggalih panjenengan sami, sak estu, kawulo hanamung saged nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Poro bapak poro ibu lan poro sedherek ingkang Insya Allah dipun rahmati Allah SWT, keparengo kawulo wontening mriki badhe maosaken reroncening adicoro ingkang badhe lumampah wontening titiwanci ndalu meniko.

- Ingkang sepindah inggih meniko acoro Pambuko.
- Ingkang ongko kalih inggih meniko kalam wahyu ilahi.
- Ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan saking ketua panitia halal bihalal
- Acoro kaping sekawan inggih meniko sambutan saking bapak kepala dukuh.
- Acoro kaping gangsal inggih meniko hiburan saking mudho mudi dusun Harjodumilah. Kalajengaken penampilan saking bapak-bapak dusun Harjodumilah.
- Acoro kaping enem inggih meniko istirahat.
- Acoro kaping pitu utawi acoro inti, inggih meniko pengaosan saking almukarom bapak kyai/ustad Muhammad saking pondok pesantren al barokah. Lan samangke badhe dipun lajengaken donga saking almukarom bapak kyai Muhammad.
- acoro sak lajengipun inggih meniko panutup.

Mekaten menggah reroncening adicoro ingkang badhe lumampah wontening titiwanci ndalu meniko.

Poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo ingkang dhahat kinurmatan, gegandhengan wekdal sampun ndungkap dalu, pramilo monggo acoro wontening ndalu meniko enggal-enggal kito wiwiti.

- Ingkang sepindah inggih meniko acoro pambuko. Pramilo monggo dhumateng poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo, acoro wontening ndalu meniko kito bikak sesarengan kanthi waosan umul quran. Liridho illah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...

Kulo aturaken agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo, ingkang sampun kerso mbikak acoro Halal bihalal wontening ndalu meniko, mugi-mugi kanti waosan Surotul Fatikhah, adicoro wontening ndalu meniko saget lumampah kanthi lancar mboten wonten alangan rubedo menopo menopo ngantos samangke paripurnaning adicoro. Amin.

- Kito lajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko kalam wahyu ilahi, ingkang badhe dipun slirani/salirani kaliyan adik kito Bambang. Pramilo dhumateng adik kito Bambang, wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Monggo.

Kawulo aturaken agunging panuwun dumateng adik kito Bambang  ingkang sampun kerso maosan kalam wahyu ilahi, mugi-mugi kanti waosan kalam wahyu ilahi meniko saget ningkataken iman lan taqwa kito wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. Amin.

- Poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo ingkang dhahat kinurmatan, dhawah acoro ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan saking ketua panitia halal bihalal, pramilo dhumateng ketua panitia Halal bihalal inggih meniko bapak Joko, wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Monggo.

Kawulo aturaken agunging panuwun dumateng ketua panitia Halal bihalal inggih meniko bapak Joko ingkang sampun caos sambutan wontening ndalu meniko.

Dan seterusnya dan selanjutnya…

- Poro bapak poro ibu lan poro sedherek sedoyo ingkang dhahat kinurmatan, dhawah acoro ingkang kaping pitu utawi acoro inti, inggih meniko pengaosan saking almukarom bapak kyai/ustad Muhammad saking pondok pesantren al barokah. Lan samangke badhe dipun kalajengaken donga panutup saking almukarom bapak kyai Muhammad.

Ananging sakderengipun wekdal kawulo aturaken dhumateng almukarom bapak kyai Muhammad, mbok bilih anggenipun kawulo nderekaken lumampahing adicoro wontening ndalu meniko katah kalepatan soho kekhilafan, wonten klenta klentunipun anggen kawulo matur, kathah galap gangsulipun atur kawulo, lan mbok bilih kirang mranani wonten penggalih panjenengan sami, sak estu, kulo namung saged nyuwun agunging lumunturing sih samudro pangaksami.

Wabilahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum wr. wb.

Dhumateng almukarom bapak kyai/ustad Muhammad saking pondok pesantren al barokah, wekdal soho papan kawulo sumanggaaken. Monggo.

*****
Saya menggunakan pengejaan sesuai dengan suara pengucapan saja, untuk memudahkan saat membacanya saja. Contoh :
Samudra saya tulis samudro, menika saya tulis meniko, para = poro, kawula=kawulo, sedaya=sedoyo, dan lainnya.

Semoga itu bisa dipahami dan dimengerti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar